Jumat, 24 November 2017

NASKAH DRAMA BAHASA JAWA "BALEKNO ANUKU"

Adegan 1
Kunti 1       : (nyanyi)
Pocong                 : ( teka marani kunti melu nyanyi)
                   “Kunti lan Pocong gelutan, Pocong kalah”
All              : ( teka marani kunti 1 lan pocong )
Genderuwo : “Wewewe sett... toppp sett...topppppppp” (slow motion). Wee guling kok dekek ngisor iki, iki piye karepe guling gawe turu”.
Pocong                 : “ WooOOYY aku gudhuk guling” (mempeng)
Genderuwo           : “Wew guling iso ngomong”. (kaget)
Kunti 2                 : “Hahaha genduruwo iki pancene ngawur, iku duduk guling ndul. Iki iku lontong”
Tuyul                   : “ wadohh dikeki kupang enak iki”
Pocong                 : “ tambah lontong kupang iki yooposeeeeeeeee”
Kunti 3                 : “ wes wes ojok ribut ae!! Iki onok seng ndelengi laptop ndelok awakdewe. Gaenak nek gelut”
All              : “loiyooo halooo Assalamualaikum halo halooooo”
All              :” kito sedoyo saking kelompok545675765 badhe nampilake ludruk sing judule “BALEKNO ANUKU”  (perkenalan) sugeng mirsani!!!!!!!!!
                   (lungo kabeh ninggalake pocong)
Pocong                 :” loh loh loh piye toh iki, aku kok ditinggal wooii aku durung perkenalan loooo!!! Assszzzhhh yowes tak perkenalan dewe (perkenalan)”


Adegan 2

Pocong                 : “ Ya Allah angele dadi pocong(ngenes) , ngadek uangel , lungguh angel , mlaku kudu mencolut terus , malah nek wes kebelet ngeseng iki wuuhh rasane ibarat koyok dijemput malaikat maut”
Figuran                 : “ juangkrikk kon iku wes bongko”
Pocong                 : oiyayayaaahh hihihihihih lupaaahh
Genderuwo : “ lapo se mbendino kok ngersulo ae”
Pocong                 : “ yo wes ngene iki takdire kaum pocong, opo opo angel”
Genderuwo           : “ hahahahahah yo biyen pas mari mati pembagian profesi setan lapo milih pocong lo”
Pocong                 : “ lha yoopo biyen tak pikir pocong iku sangar, bedo dewe stylish and trendy for the tomorrow land and everybody hands up yo”
Genderuwo : “ ngomong oposeeee, joko tarub numpak gethek gak nyambung pek”
Pocong                 : “ ono bencong njebur sawah , wonge antep koyok sapi = jadi pocong oleh susah, tapi kudu tetep hepi”
Genderuwo : “ boleh juga hahahahah”
                             ( tuyul teko)
Tuyul : “Assalamu’alaikum”.
Pocong : “Wa’alaikum salam”.
Tuyul : “Opo riko isok tak ajak panton”
Pocong : “Isok maneng yul angger onok sing nonton”.
tuyul  : “Kerikil....”
Pocong : “Keri-keri nak sikil”.
Tuyul : “Keringet.....”
Pocong : “Keri-keri etor anget”
Tuyul : “Keripek....”
Pocong : “Keri-keri nak emmmmplolololololol”

Tuyul          : “ loh piye toh iki kok gak dlianjutno , ayo dibaleni”

Tuyul : “Keripek...”
Pocong : “Keripek.... Gedang”.
Tuyul : “Godho telo”.
pocong : “Dibagi roto”
Genderuwo : “ opo seee kok gak nggenah ngene, kene yul karo aku”
Tuyul : “ yo ayo see”

Tuyul          : “Assalamu’alaikum”
Genderuwo : “Wa’alaikum salam”
Tuyul  : “Opo riko gelem nerusake panton”
Genderuwo : “Gelem maneng Bas angger onok sing nuntun”
Tuyul  : “Seter...”
Genderuwo : “Singset isok monter”
Tuyul  : “Ruda”
Genderuwo : “Loro kudu podo”
Tuyul  : “Garbu”
Genderuwo : “Nek gak sigar gak isok melbu”.

Pocong : “ walaah kok malah gak nggenah ngene wo wo”
Tuyul          : “ yo awakmu kabeh iku gak nggenah”
Genderuwo : “ hahaha sepurane a yul”
Tuyul          :  “ he stop stop kau mencuri hatikuuu “
                             ( nyanyi joget)
Tuyul : “ he malah senam, aku iki kate ngomonggg”
Genderuwo : “ ngomong oposeee”
Tuyul : “ iki onok kabar apik kanggo pocong’
Pocong : “ kabar opo yul?”
Tuyul : “ iki desane awakdewe arep ngadakake acara sing jenengeeee emmmm emmm lali aku sumetan masal emmm suniman masal embo wes lali, kono takono pak rt wae nek pengen eroh kabare”
Pocong : “ancene pikun kon ikuu, yowes aku tak nang pak rt Assalamualaikum”
GD TY : “waalaikumsalam”
Adegan 3
(ing daleme pak RT)

Pocong : “Assalamualaikuuuummm, pak erteeeeeee kulonuwunn nuwunsewuuu kulo njalook. Endi see suwene gak metu metuu”
                   (ngetuk pintu nganggo ndase)
Pak RT : “(mbuka pintu)”
          (grobyaaaak pocong njungkel)
Pocong : “Aduuuhhhhh ssaaaaa.....kiiiitttttt, ngiluuuuu ahhhhh
Pak RT       : “pocongg ????? (kaget) ana opo toh ?
Pocong        : “Sampeyan niku pak...pak, pegel cangkem kuwi bengak bengok !”
Pak RT       : “Sepurane toh, aku mari ngotori tanah air”
Pocong        : “He opoo ??”
Pak RT       : “ngeseng-ngesengggg. Ana opo se bengak bengok mrene ?”
Pocong        : “Iki mau jare tuyul desa kene arep ngadakake acara...??? Acara opo toh pak ?”
Pak RT       : “Oalahhh.. sunataan masal cong. Ahhh yooo se iki cocok kanggo kowe, kowe lah durung sunat toh ? tak daftarke yo ?”
Pocong        : “haa ?? sunat iku opo pak ?”
Pak RT : “Piye toh kowe sunat gak ro”.
Pocong : “Loh ancen aku ra ngerti pak ?”
Pak RT : “ Sunat kuwi manuk sing dikethok”.
Pocong : “Oh... manukkkk, iyoo iyoo wes daftarno aku pak rapopoo”
Pak RT : “ yowes sek, tak catete. Jeneng lengkap mu sopo cong?”
Pocong : “Supocongan mlakuningratan”
Pak RT : “lahir mu neng ndi?”
Pocong : “ujung aspal pondok gede”
Pak RT : “ yowes data selanjute, pas hari h wae, ndang kono manuk mu di poles lan siapno”
Pocong : “ siap pak reteeee”


Adegan 4

Kunti 1 : “hiiihh hiiihhh ihhhh lemot bangeedt nich hp gueh” (ngutek utek hp)
                             (datanglah kunti 2)
Kunti 2 : “ kenapaa lu? (nenteng2 hp ne)”
Kunti 1 : “iki loo hp ku redok lemooo……heiiii hp mu anyar yo iki”
Kunti 2 : “azzzhhh ngerti wae sampean”
Kunti 1 : “ kene kene nyeleh sediluk”
Kunti 2 : “ ojo suwi suwi arep tak gawe iki”
Kunti 1 : “ iyo iyoooooooooo”
                   *beberapa tahun kemudian*
Kunti 1 : “ nyohh hp mu batere ne kari 10% hehe suwon”
Kunti 2 : “loooohhh kok isooo”
Kunti 1 : “ heheee krimen foto ku sing nang hp mu yo”
Kunti 2 : “sing endii??”
Kunti 1 : “yo kabeh laah”
                   *hp ne full fotone kunti 1”
Kunti 2 : “byuhh byuuhh ya Allah rusak iki hp anyar ku kebek fotomuu”
Kunti 1 ; “halahh titik aelo fotonee”
Kunti 2 : “awas kowe yooo”
                   (teko kunti 3)
Kunti 3 : “heh heh ono opo iki kok podo rebut”
Kunti 2 : “ kuwi lo ngawurr cah kuwi”
Kunti 1 : “ aku foto tok wae raolehh”
Kunti 3 : “ wes uwesss ojo gelut, kene ayo selfie bareng wae yo” *ckrik ckrik*

                             *ing dalan*

Genderuwo : “aduh duuh wetengku luweh rek, tapi ora duwe duit. Lha kuwi lak para kunti, oiyoo si kunti 1 lak duwe utang nang aku, tak tagih ah”                 
                             *marani para kunti*
Genderuwo : “Assalamualaikum wanita wanita idaman para pria yang wajahnya tampan tetapi penuh kerutan”
Kunti All : “waalaikumsalam wahai pria yang ganteng kegeden weteng, raiso anteng lan raine peteng”
Genderuwo : “masya Allah nyelekit, heh heh kunti 1 kene bayar utang”
Kunti 1 : “njaluko kunti 2 yo, duit ku di seleh dee”
Genderuwo : “yow is, heh kunti 2, bayar utange kunti 1”
Kunti 2 : “duitku yo durung dibalikno karo kunti 3, njaluko kunti 3 yo”
Genderuwo : “ azzh kunti 3 bayar utang!”
Kunti 3 : “lah kowe lak yo nyeleh duitku pisan se wingi, balikno kene”
Genderuwo : “hadoooohhhhh !!!!! mbo wes, he para kunti, kanca ne awakdewe pocong arep melu sunatan masal, teko yo!”
Kunti 2 : “akhirnyaa masa kedewasaannya akan segera tiba”
Adegan 5

Mbak e pocong : “buuuk pocong pundi buk?”
Ibuke pocong : “dolan karo kancane paling nduk, nyapo?”
Mbak e pocong : “niki bocahe nge-path”
Ibuke pocong : “ haaahhh ngepet??? Ya Allah anakkuu duso naaakkk!!!
Mbak e pocong : “ looh buk guduk ngepet buk, nge-path buk sosmed anak gauul”
Ibuke pocong : “opo maneh kuwi, nyaopo si pocong”
Mbak e pocong : “ iki jarene bocahe update status jarene arep melu sunatan masal buk”
Ibuke pocong : “ hah tenanan?? Alhamdulillah, areke kongkon mulih saiki cepet!”
Mbake pocong : “ nggih buk”


Adegan 6

Pocong : “Assalamualaikum, wonten nopo buk?”
Ibuke pocong : “waalaikumsalam, walah le leee kok ora ngomong disik nek melu sunatan masal, ibuk seneng ngene iki. Wes ayo tak adusi kembang disik”
Pocong : “loh loh kok aku di adusi kembang toh buk? , kan manuk e sing di kethok”
Ibuke pocong : “ wes ayo ora usah akeh cangkem.”
Pocong : “loh loh bukkk”
                             *pocong diadusi kembang*

Adegan 7

Hari – H sunatan masal

(persiapan acara )

Pak RT : * pidato*


Adegan 8
Persiapan kangge pocong
Pocong : “ bro, maringene aku diceluk bro. entenono diluk ya”
Genderuwo : “ iyo cong, bismillah disik. Gak loro kok disunat”
Pocong : “loh lha lapo loro yoan, kan sing disunat manuke guduk aku”
Tuyul : “ iyo cong mengko nek pas disunat rileks wae rausah tegang yo”
Pocong : “ lha lapo aku tegang se yul, sing disunat lak manuke see. Yoopo se wng wong iki kok gak jelas kabeh”

*pocong monggo langsung sunat”

Pocong : “ inggih mbak sebentar nggih”
All : “ yeeee poconggg semangaat kamu bisaaa ora loro congg”
Pocong : “nyapo toh wong wong iki alay.” (njupuk manuk kicau sak kurungane)
All : “looohhhhhhh”

Genderuwo: “ loh cong gawe opo manuk kuwiii cong??”
Tuyul : “maksudmu opo cong nggowo manuk sak kurungane kuwi”

Pocong : “ lo piye toh, jarene sunat iku manuk sing di kethok. Nah iki aku wes nggowo manuk e, ayo ndang di kethok”
Genderuwo : “ subhanallah congg, guduk iku maksudeeeee”
Pocong : “ laha terus opo loo?”
Genderuwo : “maksude manuk sing ora iso miber congg”
Pocong : “ hah, manuk opo raiso miber?”
All : “ yo manuk mu ikuuuuuu”


Pocong : “haaaaaahhh!!! Yo emooooooooooooo !!!!! mlayuuuuuu


                                                The end


Tidak ada komentar:

Posting Komentar